Kamis, 10 Juli 2014

Paper Bahasa Jawa Unggah-Ungguh Basa Jawi



PAPER BAHASA JAWA
Disusun guna memenuhi tugas mata kuliah Bahasa Jawa

Dosen Pengampu: Bu Erna Istikomah

https://encrypted-tbn2.gstatic.com/images?q=tbn:ANd9GcTFk88R-XtQGCq1pV7NFrvJ1nqQTB_iplH7fbsSTgkCZGJVZghKKg


DISUSUN OLEH:
KHOIRUNNISA NURLAILA F (A510120191)

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH SURAKARTA
2014

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
A.     Pangertosan
            Unggah-ungguh ugi asrig sinebat undha usuk,tingkat tutur,tingkat ujaran, utawi speech level (basa inggris).
1.      Unngah-ungguh , tegrsipun tata pranating basa miturut lungguhing tatakrama. Wondee tatakrama tegeseipun tata caranipun gineman dhumateng tiyang sanes saha tidak tanduk utawi solah tingkat (pangucap saha patrap).
2.      Undha usuk, tegesipun tatakrama unggah-ungguhin ginem tuwi  tindak tanduk utawi sopan babagan pangandikan lan tumindakipu (pangucap saha patrap). Sopan tegesipun mangertos lan nindakipun tatakrama. Undha usuk ing basa Indonesia tegesipun “Variasi-variasi bahasa yang perbedaan antara satu dengan yang lainnya ditentukan oleh perbedaan sikap santun yang ada pada diri pembicara terhadap mitra bicara”.Wondene variasi menika tegesipun wujudipun tembung-tembung beda,ananging anggadhhi teges ingkang sami, umpaminipun : sugeng –wilujeng-slamet; mangan-nedha-dhahar; rambut-rikma; turu-tilem-sare, lan sanesipun.
3.      Tingkat (speech level) inggih menika tatacaranipun (kode) ngaturake raos pakurmatan (sopan) dhumateng tiyang sanes rikalanipun sami gineman. Wondene pranatanipun kawengku ing pamilihipun tembung-tembung (leksikon, kosa kata), widyaswara (fonologi), widya tembung (morfologi), widya ukara (sintaksis).
            Unggah-ungguhin basa menika mujudaken adat sopan santunipun basa jawi. Jalaran adat utawi pakulinan sopan santun, mangertos lan nindakake tatakrama menika saget mratelakaken pribadinipun tiyang jawi saha cirinipun bebrayan(masyarakat) Jawi. Pramila adat sopan santun menika dumadi utawi sinengkuyung saking kalih perkawis, ingguh punika   prekawis: (a) lingual utawi basa, tegesipun babagan basa ingkang kapilih saha kaginakaken (ngoko utawi karma). (b) Non lingual, tegesipunbabagan patrap utawi tumindak rikalanipunnembe gineman utawi ngendika ; asta,pasuryan,paniggal, lan kedaling lesan kedah jumbuh kaliyan kawontenan. Karana unggah-ungguhin basa jawi menika kaginakaken dhasaripun dimensi personal  (kalenggahanipun tiyang/ priyantun ingkang kakanthi wawan pangandikan). Beda kaliyan basa manca (Inggris) ingkang dasaripun dimensi temporal  (tenses utawi wekdal).
            Adhedhasar kalih pangertosan menika , unggah-ungguhin basa menika tiyang ingkang nindakaken sesrawungan wonten ing bebrayan agung tansah ngugemi lan lelandesan paugeran ingkang wonten ing masyarakat, saget ngunggak kawontenan saha papan (panggenan) utawi empan papan. Pramila unggah-ungguhin basa menika sayektosipun kalebet perkawis milah saha milih basa ing pasawungan, adhedasar sesambunganipun (hubungan) antawis tiyang (priyantun) ingkang sami gineman.
            Prasawungan utawi sesambetan (hubungan) wonten ing bebrayan menika awewaton 2 (kalih)tetimbangan, inggih menika dimensi (tataran) vertical lan horizontal. Srawung wonten ing tataran vertical , pamilihing basa lan tembung-tembungipun . ingkang leres, jalaran ngegeti sepuh saha drajat pangkatipun ingkang kaajak gineman. Sampun ngantos dipunanggep “ora ngerti basa”, “ora nduwe tata karma”, lan “nungkak karma”. Wondene srawung ing tataran horizontal utawi dhumateng sesamining bebrayan ingkang satraju (sejajar,setimbang), pamilihipun basal an tembung-tembungipun langkung gampil, langkung-langkug menawi umur kita sampun kathah (sepuh) lan anggadhahi drajat pangkat.
B.     Panganggenipun Basa Jawi
            Basa jawi wonten bebrayan agung menika tansah kaprebawan kaliyan nasional (Indonesia) Lan basa manca (asing), pramila asring lan kenging intreferensi babagan tembung utawi interferensi leksikal lan babagan paramasastra (tata bahasa utawi interferensi gramatikal).
1.      Campur Kode
            Masyarakat Jawi menika majemuk, heterogen; maneka marwi asal, suku, umur, basa, agami, lan pendhidhikan; pramila menawi sami gineman asring ngginakaken basa ingkang dipuncampur (campur kode). Upamiipun ngginakaken basa ngoko, karma, Indonesia, lan asing.Kejawi menika wonten ing padhusunan masyarakatipun tasih homogeny (sami), racakipun campur kode boten kaginakaken. Namung para nem-neman utawi generasi mudha ing jaman samenika,menawi gineman sami ngangge basa campur kode.
2.      Alih Kode
            Tiyang/priyantun gineman wonten samadyaning bebrayan agung kedah ngunggak panggenan lan kawantenan(empan papan), pramila asring ngginakaken alih kode utawi gantos basa ingkang dipun ginakaken. Upaminipun gineman mligi ngangge basa ngoko, karma,Indonesia utawi mligi ginakaken basa inggris,boten dipuncampur. Namung gandheng kawontenan,tiyang asring ngendikan anthi ngginakaken alih kode , jalaran pimpinan utawi atasanipun rawuh, wonten tiyang manca (orang asing) rawuh, lan sanesipun.
3.      Kirang Ngembaka
            Basa Jawi ing wekdal menika ajinipun kirag lan wonten bebrayan agung kawastanan kirang ngembaka, jalaran katerak : (a) kolokial, (b) down float, (c) rural.
a)      Kolokial
            Basa Jawi (ragam krama) kirang ngembaka lan kuncara wonten ing bebrayan agung, amargi naming kaginakaken ing kawontenan boten resmi (informal) , naming winates ing tataran daerah (local), umpaminipun,  pepanggihan rapat  saha arisan RT/RW, upacara-upacara adat, saresehan ingkang climen, lan sanesipun.jalaran negari kita Indonesia sampun anggadhahi basa persatuan (nasional), inggih menika bahasa Indonesia, ingkang bakeng basa daerah (Jawi) ingkang wonten lan sumebar ing laladan bumi pertiwi menika tansah kita leluri,dipunlestarekaken,lan dipun ngrembakakaken serarengan supados boten mati lan boten cures.
b)      Dow Float
            Basa Jawi kirang ngembaka la sumebar wonten bebrayan,jalaran mlorot ajinipun, boten saget kangge jaminan gesang bebrayan (masa depan), sanajan pamanggih menika perlu dipun taliti malih kanthi titi la permati. Wonten pamulangan pelajaran basa jawi naming pelajaran tambahann(mulok = muatan local) ingkang wekdalipun naming sekedhik sanget, boten anggadhahi peran menapa kemawon, naming pelajaran pupuk bawang. Ing mangkabasa lan satra jawi menika menawi dipundhudhah kebak pitutur luhur , piwulang kautaman utawi  ajaran budi pekerti ingkang utami.kawontenan ing pamanggih menika wiwit tahun 2005 njalami ewah-ewahan, jalaran Gubernur Jateng, Jatim, lan DIY sami mutusaken bilih pelajaran Basa Daerah (jawi) dados mata pelajaran wajib womten ing pamulangan, wiwit SD dumuginipun SMA kanthi nomor SK 895.5/01/2005,tentang Kurikulum mata pelajaran Bahasa Jawa tahun 2004 untuk jenjang Pendidikan SD/SDLP/MI, SMP/SMPLP/MTs, dan SMA/SMALB/SMK/MA Negeri dan Swasta Provinsi Jawa Tengah; tertanggal 23 Februari 2005”.
            Adhedasar SK menika, basa jawi  samenika saget kawastanan gesang, gumegrah, lan ngrembaka malih, karana para generasi mudha sami remen lan kuliah ing Jurusan Basa Daerah (Jawi). Pramila kawontenan menika kedhah kaginakaken kanthi prayogi lan sae kangge anggulawentah para putra,generasi mudha  lumantar pamulangan, supados dados generasi guru basa jawi ingkang utami, wasis, mumpuni, mrantasi kardi, boten nguciwani lan nglelingsemi (professional).
c)      Rural
            Bebrayan agung jawi piyambak tasih sami anggadhahi pamanggih bilih basa jawi menika basa ingkang kirang bergengsi,sipatipun ndesani. Pramilo rumaos isin , ego lan gengsi menawi ngginakaken basa jawi; malah dipun anggep kina,ketinggalan jaman. Namung menawi kalian basal an budaya manca , generasi mudha kita sami gandrung kayungyung ngantos lali purwa duksino kesupen kalian kapribaden lan jathidhirinipun piyambak. Pramila para sepuh rumiyin nate paring wasiyat lan tetilaran,’’Aja gumunan,aja kagetan,lan ojo mung elon-elon, aja mung belo melu seton; nanging nduweo adeg-adeg lan kapribaden kang tatag, tangguh lan tanggon”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar